Wangsalan Arep Turu

Wangsalan Arep Turu

Ayu gah lur pada wangsalan! Wangsalan merupakan jenis pantun yang berkembang di Indramayu. Hingga hari ini wangsalan sebagai tradisi lisan masih menyisakan tempat dalam kehidupan masyarakat.


Anget-anget kue srabi
Enake bari niup suling
Dasar nasibe wong bli duwe rabi
Baka turu lurue bantal guling
Sanja dikit ning Desa Pipisan
Pengen balik tuku sate
Ana wong ayu pisan
Pengen dikawin laka duite
Jalan-jalan ning Pegagan
Kesandung lara pisan kukune
Ayu sih ayu beli kejagan
Pas dideleng ana jakune
Tuku jajan cireng bakwan
Deleng tontonan renggong kuda
Wong sih kawin karo perawan
Pas kita olihe rangda
Enak teman numpak kuda
Kuda mlayu wonge sasah
Enak gah olih randa
Ilmue akeh dadi beli susah
Wis titik aja koma
Sing dibaca tulisane
Bagen randa anak lima
Si penting enak rasane
Baka nimbang aja disuda
Iku arane wong doso
Masa iya sih enak rangda
Enakan endi karo baso
Ning pasar tuku dolanan
Gawane telung karung
Malam minggu laka demenan
mending turu ning jerone sarung
Baka kali jero akeh yuyu
Yuyue mati kenang bata
Bener pisan sampeyan sing paling ayu
Luwih ayu lamun dadi pasangan kita
Ana monyet ana beru
Badane seger pada lemu
Ati sedih badane kuru
Kelingan pisan ning seliramu






Baca Juga

Related Posts